Sabtu, 16 Januari 2010


Ketuhanan 1. Gusti ALLAH iku siji, ana ing ngendi papan langgeng, sing nganakake jagad iki saisine dadi sesembahane wong sak alam kabeh, nganggo carane dhewe-dhewe. 2. Gusti ALLAH iku ana ing ngendi papan, aneng siro uga ana Gusti ALLAH , nanging aja siro wani ngaku Gusti ALLAH . 3. Gusti ALLAH iku adoh tanpa wangenan, cedhak tanpa senggolan. 4. Gusti ALLAH iku langgeng, tan kena kinaya ngapa, sangkan paraning dumadi. 5. Gusti ALLAH iku bisa mawujud, nanging wewujudan iku dudu Gusti ALLAH . 6. Gusti ALLAH iku kuwasa tanpa piranti, akarya alam saisine, kang katon lan kang ora kasat mata. 7. Gusti ALLAH iku ora mbedak-mbedakake kawulane. 8. Gusti ALLAH iku maha welas lan maha asih hayuning bawana marga saka kanugrahaning Gusti ALLAH . 9. Gusti ALLAH iku maha kuwasa, pepesthen saka karsaning Gusti ALLAH ora ana sing bisa murungake. 10. Urip iku saka Gusti ALLAH , bali marang Gusti ALLAH . 11. Gusti ALLAH iku ora sare. 12. Beda-beda pandumaning dumadi. 13. Pasrah marang Gusti ALLAH iku ora ateges ora gelem nyambut gawe, nanging percaya yen Gusti ALLAH iku maha Kuwasa. Dene kasil orane apa kang kita tuju kuwi saka karsaning Gusti ALLAH . 14. Gusti ALLAH nitahake sira iku lantaran biyung ira, mulo kudu ngurmat biyung ira. 15. Sing bisa dadi utusaning Gusti ALLAH iku ora mung jalma manungsa wae. 16. Purwa madya wasana. 17. Owah gingsiring kahanan iku saka karsaning Gusti ALLAH kang murbeng jagad. 18. Ora ana kasekten sing madhani pepesthen awit pepesthen iku wis ora ana sing bisa murungake. 19. Bener kang asale saka Gusti ALLAH iku lamun ora darbe sipat angkara murka lan seneng gawe sangsaraning liyan. 20. Ing donya iki ana rong warna sing diarani bener, yakuwi bener mungguhing Gusti ALLAH lan bener saka kang lagi kuwasa. 21. Bener saka kang lagi kuwasa iku uga ana rong warna, yakuwi kang cocok karo benering Gusti ALLAH lan kang ora cocok karo benering Gusti ALLAH . 22. Yen cocok karo benering Gusti ALLAH iku ateges bathara ngejawantah, nanging yen ora cocok karo benering Gusti ALLAH iku ateges titisaning brahala. 23. Gusti ALLAH iku dudu dewa utawa manungsa, nanging sakabehing kang ana iki uga dewa lan manungsa asale saka Gusti ALLAH . 24. Ala lan becik iku gandengane, kabeh kuwi saka karsaning Gusti ALLAH . 25. manungsa iku saka dating Gusti ALLAH , mula uga darbe sipating Gusti ALLAH . 26. Gusti ALLAH iku ora ana sing Padha, mula aja nggambar-nggambarake wujuding Gusti ALLAH . 27. Gusti ALLAH iku kuwasa tanpa piranti, mula saka kuwi aja darbe Gusti ALLAH yen manungsa iku bisa dadi wakiling Gusti ALLAH . 28. Gusti ALLAH iku kuwasa, dene manungsa iku bisa. 29. Gusti ALLAH iku bisa ngowahi kahanan apa wae tan kena kinaya ngapa. 30. Gusti ALLAH bisa ngrusak kahanan kang wis ora diperlokake, lan bisa gawe kahanan anyar kang diperlokake. 31. Watu kayu iku darbening dating Gusti ALLAH , nanging dudu Gusti ALLAH .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar